Minggu, 19 Januari 2020

Pocung



        
A. PUPUH POCUNG 
                       Pocung
  Ngelmu iku, kalakone kanthi laku
  Lekase lawan kas
  Tegese kas nyantosani
  Setya budya panegese dur angkara
 
                            Pocung
Ilmu itu, dapat tercapai melalui usaha
Diawali dengan kas
Arti kas memberi daya
Setia pada budaya untuk Menumpas angkara murka

   ✓ Serat wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot pupuh pangkur lan pupuh sinom uga ngemot pupuh pocung. Pupuh pocung mujudake pupuh kang kaping telu, isine 15 pada.
✓ Pupuh pucung ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada (bait), wiwit saka tembung 'Ngelmu iku.... ' tekan tembung 'angkara'
✓ Guru gatra saben sapada tembang pocung ana 4
✓ Guru lagune tembang pocung yaiku ( u, a , i, a)
✓ Guru wilangane tembang pocung yaiku (12, 6, 8, 12)
✓ Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang pocung, biasane ditulis 12u, 6a, 8i, 12a
B. TUNTUNAN URIP PUPUH POCUNG
          Pada iki mung salah siji saka 15 pada ing pupuh pocung serat wedhatama. Saka pada kang wis dijarwakake dadi basa Indonesia mau bisa ditemokake tuntunan ing urip, upamane :
✓ Manungsa kudu duwe ngilmu kanthi cara ngudi / usaha
✓ Anggone usaha diwiwiti kanthi kas
✓ Kang dikarepake kas yaiku ana daya kang njalari kuwat lan santosa
 ✓ Santosa kanthi setya marang budaya kanggo mbentengi tuwuh lan wekare patrap Angkara murka.

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2
                  Kelas XI SMA/SMK/MA



PAWARTA

Pawarta
    Ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi Kang awujud pawarta utawa liyani kalebu iklan. Ana jenis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan becik iku bisa aweh pitulungan, ngenthengake bot repote bebrayan. Dene iklan kang kurang prayoga iku iklan kang kayane ngentheng-ngenthengake sanggan ananging nyatane suwalike malah nekek gulu.

A. Ngrembug teks iklan 

    Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marak bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho bisa uga kachitak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayate TV lan Radhio.

B. Nulis teks iklan 

  Iklan dibutuhakw supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki yaiku :

  1. Sing dituju kudu cetha,
  2. Sing ngirim kudu cetha,
  3. Barang utawa jasa sing ditawakke kudu   cetha
  4. Narik kawigaten sing maca,
  5. Nuwuhake rasa pengin tuku saka sing.  maca
  6. Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
  7. Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake
  8. Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.

C. Carane nulis iklan 

 1.tentukna ancase  iklan (nawakake barang utawa jasa)
 2. Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat).
 3. Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.

D. Nyuguhake teks iklan

    Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh dening pamireng, becike nggatekake babagan ing ngisor iki :
    1. Paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
    2. Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep.
    3. Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang di gambarake.

Sumber : Gegaran Nyinau bahasa jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA

Pranatacara


PRANATACARA
PRANATACARA

A. PENGERTIAN PRANATACARA
          Pranata cara yaiku paraga kang nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing acara. MC utawa Master of Ceremony mengkono istilah sing misuwur tumpraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana upacara pasamuan, temanten, lan sapanunggalane. Basa sing dienggo pranatacara gumantung karo upacarane.

B. Nemokake Isi Pokok Teks Pranatacara
Isi teks pranatacara ing ndhuwur, yaiku :
1. Teks pranatacara kasebut ngandharake titi laksana ijab qabul
2. Acara binuka kanthi sowane temanten sarimbit, waosan kalamullah, atur pambagya hamengku karsa, pasrah, sabdatama, lan paran para.

 C. MBEDAH KAIDAH PRANATACARA
          Urut-urutane teks pranatacara :
1. Salam pambuka
2. Atur pamuji
3. Atur kasugengan
4. Kairing atur panuwun
5. Wedharing gati
6. Atur nyuwun pangapura
7. Panutup
8. Salam panutup.

D. MACA TEKS PRANATACARA
          Supaya anggone kaca teks pranatacara gampang dimangerti, kudu nggatekake babagan ngisor Iki.
Pangucapane kang trep.Pamedhote ukara kang trep.Intonasi, nada, LAN tekanan kang trep.Mangerteni tandha wacan kanthi trep.Swara kang cetha.Ngatur Alon lan cepete pamaca.Ngolah treping mlebu wetuning napas.Mahami wacan.Pracaya marang dhiri pribadi.

E. KAWRUH KAGUNAAN BIASA
          Tembung Yogyaswara, yaiku rong tembung kang tulisan apadene pakecapane meh padha, dianggo bebarengan lan nduweni teges lanang-wadon. 
          Tuladha : Bathara-bathari.

F. TEMBUNG ENTAR 
          Entar tegese silihan, yaiku Tembung kang nduweni teges ora salugune. Tembung Entar nduweni isi kang gaseh Karo tetembungane.
          Tuladha : Kethul Pikire = Bodho

G. RURA BASA
          Rura asale saka tembung rurah kang tegese rusak utawa bubrah. Rura basa iku basa kang rusak utawa bubrah, amarga ora katemu nalar. Rura basa iku basa kang salah, ning wiskabacut lumrah.
          Tuladha : Godhog wedang.

H. PANYANDRA 
   Panyandra asale saka tembung candra, kang duwe teges wetunan kaanan wewejudan sarana pepindhan. Kang diutamakake ing panyandra iku gegambaring kaendahan kang kawengku ing samubarang kang dicandra. 
          Tuladha : Rambute ngombak banyu.

I. PEPINDHAN
          Pepindhan iku tetembungan kang ngemu isi irib-iriban utawa emper-emperan. Padha karo kakarepan Karo kaya, dadi, kadya, lir, pendah.
          Tuladha : Lakune kaya macan luwe.


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1
                  Kelas X SAMA/SMK/MA

Sabtu, 18 Januari 2020

Budaya Wewaler

Budaya Wewaler 


Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan ) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing di anggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat jawa diarani pepali utawa larangan.

Gugon tuhon
1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala Miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kapercayan, kanggo ngushadani supaya ora dimangsa Bathara Kala, kudu ditanggapke wayang kanthi lakon Amurwakala.
2.  Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik.
3.  Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake.


Contoh lan Kumpulan Wewaler :

1. Aja mangan karo ngadeng, mbokan wetenge dawa
Mangan karo ngadeg iku saru, becike mangan karo lungguh sing apik lan sopan. (Makan sambil berdiri itu tidak baik, lebih baik sambil duduk yang benar dan sopan).

2. Aja ngetok i kuku bengi-bengi
Yen ngetok i kuku bengi bengi iso gawe tangane tatu amargo peteng. (Kalo motong kuku malam-malam bisa membuat tangan luka karena gelap)

3. Aja metu sanding kala, mbokan diculik wewe gombel
Wewaler iki digawe supaya bocah-bocah cilik ora metu ngumah nalika sanding kala utawa maghrib, amarga wektune ibadah lan ngaso. (Larangan ini dibuat supaya anak-anak kecil tidak keluar rumah saat malam datang atau Magrib, karena waktunya sholat dan istirahat).

4. Aja mangan ngarep lawang mundak jodohe angel
Yen mangan nang ngarep lawang iku ngalangi wong mlebu omah/ ngalangi tamu moro. (Kalo makan di depan pintu itu menghalangi orang masuk rumah/menghalangi tamu datang).

5. Ora ilok singsot wengi-wengi, sebab bisa ngundang setan
Amarga singsot wengi-wengi ndadekaken tetanggane kiwa tengen keganggu. (Karena bersiul malam-malam membuat tetangga kiri kanan terganggu)

Sumber :
 Gegaran nyinau bahasa jawa 3 



Sesorah

Sesorah
A. Tegese Sesorah
Sesorah yaiku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku mendharake  gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyrakat /bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggonne ngepaske. Kudu cocog karo unggah ungguhe.

B. Tujuane wong pidato/sesorah iku werna-werna kayata :

1.Lung tinampen/pasrah tampi
Yaiku sesorah kanggo masrahake lan nampa kayata lamaran,sarahan,utawa calon temanten.

2.Aatur pambagya
Yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu ana ing acara apa wae kayata: mantenan,supitan,walimahan.

3.Aweh panglipur/hiburan
Sesorah aweh panglipyr ancase supaya sing mirengake bisa seneng atine,kayata:sesorah ana ngomahe wong sing lagi kesripahan.

4.Atur kabar/informasi
Nyeritakake bab bab maring pamiarsa/pendengar.Umpamane sesorah pelapuran ing rapat organisasi,promosi produk barang.
5. Pangajak
Sesorah iki sipate ngajak marang wong padha ngrungokake supaya kapikut,ketarik atine marang andharan mau.Umpamane sesorah ing papan ibadah,pengajian.

C. Ragangan (struktur) bakune sesorahh, kang nyakup 9 perangan, yaiku :

1. Irah-irahan
2. Salam pambuka
3. Pakurmatan
4. Purwaka basa utawa pambuka
5. Wos utawa isine sesorah
6. Andharan wose sesorah (yen perlu)
7. Pangarep-arep (pangajab)
8. Wasana basa utawa panutup
9.Salam panutup

D. Jenis-jenis  sesorah adhedhasar yaiku:
1. Pidhato pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utama MC.
2. Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijine kagiyatan.
3. Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu kangm ung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
4. Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dining wong kang dueni pangaribowo kanggo ngresmekake samu barang.
5. Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utowo kegiatan.
6. Pidhato pertanggung jawaban, yaiku
pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung jawaban tugas utama/kagiyatan.


Sumber :
 - Gegaran nyinau bahasa jawa 2